Sabtu, 08 Agustus 2009

Layang Kagem Ibu

Ibu soko lemahpangulandaran kene

Anakmu kirim layang

Nyuwun donga pangestu

Bakal methik kembang

Sesumping setyo

Bakal lungguh dhampar kencono

Linambaran babut sutro

Ibu, kanthidlancang seto kiyi

Anakmu ngantu rawuhmu

Ngastu sasuwek pangapuro

Pinongko nambal kaluputan

Anakmu sing wus kasupen

Sego thiwul, sambel korek ndeso

Dang dangane ibu sawengi ceput

Datan sare, kanggo aku

Biyen kae.

 


Blogger Template By LawnyDesigns